Rabu, 01 Agustus 2012

Manthous Potretmu


Potretmu

Iki potretmu, kang dak tompo bareng lan layangmu
Bungahing ati, ora koyo ing naliko iku

Margo potretmu, biso gawe ayeme atiku
Tansah sumanding ora pisah soko ing tanganku 

Yen dak sawang, dasar ayu pancen isih timur
Kiro kiro antarane yuswo pitulikur 

Banget kagetku, bareng aku ketemu sliramu
Anggonmu potret, lawase wus ono telung windu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar