Rabu, 01 Agustus 2012

Langgam Yen ing Tawang ono Lintang


Yen Ing Tawang Ana Lintang

Bowo ;
Yen ing tawang, ono lintang
Cah ayu aku ngenteni
Marang mego ing akasa
Sun takon wartanireki
Janji-janji aku eling
Sumedhot raseng tyas ingsun
Nimas ingsun mra sopo
Sineksenan bumi langit
Tangising tyas,
Ngenteni padhang rembulan

Langgam ;
Yen ing tawang ono lintang, cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mego ing akoso, nimas
Sun takokke pawartamu.

Janji-janji aku eling, cah ayu
Sumedhot rasaning ati
LIntang-lintang ngiwi-iwi nimas
Tresnaku sundhul wiyati

Dhek semono janjimu disekseni
Mego kartiko kairing roso tresno asih

Yen ing tawang ono lintang, cah ayu
Rungokno tangising ati
Binarung swaraning ratri nimas,
Ngenteni mbulan ndadari

Tidak ada komentar:

Posting Komentar