Rabu, 01 Agustus 2012

Langgam Ojo Ngalamun


Ojo Ngalamun

Kumlebating netramu
Kadyo kencono pinabar
Dasar rinenggo ageman
Pindho, cengkir gading kuning
Wong ayu mustikaning tyas
Ojo mung gawe kuciwo
Rino wengi mung kayungyun
Tan pegat ing ati mung ngalamun
Duh wanito, sigarane roso kang sejati
Kang tumurun sak delenge kalbu sanubari
Saklumrahe wong ngalamun
Amung tansah katon endah
Iki genepe wong urip
Ngumbar rosoning katresnan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar