Rabu, 01 Agustus 2012

Langgam Yen ing Tawang ono Lintang


Yen Ing Tawang Ana Lintang

Bowo ;
Yen ing tawang, ono lintang
Cah ayu aku ngenteni
Marang mego ing akasa
Sun takon wartanireki
Janji-janji aku eling
Sumedhot raseng tyas ingsun
Nimas ingsun mra sopo
Sineksenan bumi langit
Tangising tyas,
Ngenteni padhang rembulan

Langgam ;
Yen ing tawang ono lintang, cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mego ing akoso, nimas
Sun takokke pawartamu.

Janji-janji aku eling, cah ayu
Sumedhot rasaning ati
LIntang-lintang ngiwi-iwi nimas
Tresnaku sundhul wiyati

Dhek semono janjimu disekseni
Mego kartiko kairing roso tresno asih

Yen ing tawang ono lintang, cah ayu
Rungokno tangising ati
Binarung swaraning ratri nimas,
Ngenteni mbulan ndadari

Manthous Langgam Wuyung


Wuyung

Rembulane sumunar ndhadhari
Lintang-lintang angebak’i  tawang
Pating gelebyar cahyane
Wanci ratri wus larut
Swara angin semribit ngidit
Saya nggegerit manah
Wong kang nandhang wuyung
Ketaman lara asmara
Dhuh kusuma wilangan sanga lan kalih
Mugi welas mring kula

Lorone loro ora koyo
wong kang nandang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan nang omah bingung 

Mung kudu weruh
woting ati duh kangmas wong bagus
opo ora trenyuh
sawangen iki awakku sing kuru 

Klopo mudho leganono
nggonku nandhang bronto
Witing pari dimen mari nggonku ngloro ati
Aduh nyowo…… 

Duh duh kusumo
ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur
Paring usodo nggonku nandang wuyung

Langgam Tetesing Waspo


Tetesing Waspo

Rino wengi ora kendat anggonku memuji
Ojo nganti manggih rubedo sawiji


Mugo mugo kaleksanan opo kang sinedyo
Labuh projo iku kwajibaning bongso


Mung welingku kang tumuju mring sliramu
Ojo lali paring kabar kang wigati


Tetesing waspo tondho tresno kang tanpo upomo
Ora nedyo ngurangi anteping karso

Manthous Tak Eling Eling


Tak Eling Eling

Tak eling eling,
Opo sliramu sing nate ketemu
Ing naliko iku,
Candik ayu sumunar netramu 

Sore kang edi amung esemu,
Sing ora nguwati
Nadyan widodari,
Kalah endah anyengsemke ati 

Semar sabrang,
Legog legog ning omah bingung
Jae wono sak upomo,
Wiwit iku .... atiku poyang payingan 

Tak eling eling,
Pancen sliramu sing mara marai
Mbesok kapan aku,
biso nyanding lintang panjerino 

Manthous Setyo Tuhu


SETYO TUHU

Dandanggula Sidoasih:
Pamintaku nimas sida asih
Atut runtut tansah reruntungan
Ing sarina sawenginé
Datan ginggang sarambut
Lamun adoh caket ing ati
Yèn cedhak tansah mulat
Sida asih tuhu
Pindha mimi lan mintuna
Yo nimas bareng anetepi wajib
Sida asih bebrayan

[Langgam]
Aku kang setyo satuhu
Wit biyen nganti saiki
Bebasane Peteng kebakal ono suminar

Andiko pangayomanku
Lahir batin tuwus nyoto
Mung sajake
Andika semune kurang reno

Tondo yekti kaseksene
Rikalane
Nadyan awrat
Mlampah tebih datan nesu... mugi lestari o o

Mugiantuk berkahing widi
Andiko mung tansah nimbang
Panyuwunku sedyo kulo
Tansah anglam lami

Manthous Sakit Rindu


Sakit Rindu

PR :
Luwih becik loro untu
Daripada sirahe ngelu
Sakit cinta sakit rindu
Yen wengi ora biso turu
Yen awan ra doyan mangan
Amargo tansah kelingan
LK :
Betul kowe betul kandamu,
cah ayu tak tunggu tunggu
Ora liyo mung sliramu
Rino wengi dadi impenku
Wani sumpah opo njalukmu
Bocah ayu, jok ngguya-ngguyu
PR : Lali anak lali bojo
LK : Lali wayah lali petung
PR : Rasane wong lagi gandrung
Pilih mbacut opo pilih wurung

LK :Yen wurung tak trimo trimo nggantung
PR :
Malaria opo malarindu
sedino kok rasane sewindu
Ning awak marakke kuru
Numpak dokar mlakuning ngulon
Wong sabar mesti kelakon
Wong sabar mesti kelakon
LK :
Waduh bapak waduh biyung
anakmu koyo wong gemblung
Kapan ndiko paring pitulung
Iwak cucut mlebu ning karung
Kebacut alias kadung
Ngentekke sawah, ngentekke kampung
reff :
kembali ke atas…

Manthous Putro Nuswantoro



 [bowo]
“Anakku sing bagus dewe…
Besok pinter sekolahe…
Yen wis biso nyambut gawe…
Kudu mlaku sak mestine…”

Cup menengo ngger anakku
Ojo pijer nangis wae
Anakku sing bagus dewe
Besok pinter sekolahe

Cup menengo ngger anakku
Sing tansah tak domo domo
Dadiyo satrio tomo
Labuh marang nuso bongso

Enggal menengo anakku
Welaso marang ibumu
Didawuhi kudu nggugu
Biso gawe…mareme atiku…

Adoh dununge bapakmu
Ngayahi kewajiban luhur
Yen wis rampung mesti kondur
Nuswantoro subur makmur

Manthous Potretmu


Potretmu

Iki potretmu, kang dak tompo bareng lan layangmu
Bungahing ati, ora koyo ing naliko iku

Margo potretmu, biso gawe ayeme atiku
Tansah sumanding ora pisah soko ing tanganku 

Yen dak sawang, dasar ayu pancen isih timur
Kiro kiro antarane yuswo pitulikur 

Banget kagetku, bareng aku ketemu sliramu
Anggonmu potret, lawase wus ono telung windu

Manthous Panjerino


Panjerino

Sewengi tan biso nendro
Gawang-gawang katon ning netro
Tak sesuwun mugi enggal enjang
Ngekes ing ati sing kapang

Yen lintange panjerino
Wus semburat sumunar ngalelo
Aku wus anganti-nganti tenan
Aning Stasiun Balapan

Prasasat koyo sewindu
Ngantu-antu ngenteni tekamu
Bedapok angraket asmoro
Nadyan mung rahino
Ning ing roso mung sedelo

Yen lintange panjerino
Melu setyo ngewangi ngenteni
Yen sepur senja wis katon teko
Esemu nambani ati...

Langgam Ojo Ngalamun


Ojo Ngalamun

Kumlebating netramu
Kadyo kencono pinabar
Dasar rinenggo ageman
Pindho, cengkir gading kuning
Wong ayu mustikaning tyas
Ojo mung gawe kuciwo
Rino wengi mung kayungyun
Tan pegat ing ati mung ngalamun
Duh wanito, sigarane roso kang sejati
Kang tumurun sak delenge kalbu sanubari
Saklumrahe wong ngalamun
Amung tansah katon endah
Iki genepe wong urip
Ngumbar rosoning katresnan

Langgam Manthous Ojo Lamis



Ojo sok gampang, janji wong manis
Yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas,
Ora agawe cuwo
Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni thukuling jamur
Ing mongso ketigo
Aku iki prasasat
Loro tan antuk jampi
Mbok ojo amung lamis
Kang uwis dadine banjur didis
Akeh tulodo kang demen cidro
Uripe rekoso
Milih sawiji ngendi kang suci
Tanggung biso mukti

Langgam Ojo Cidro



Mbok sing prasojo
Ojo cidro mundhak atiku gelo
Yen sliramu tansah cidro
Iku ora prayoga
Mbok yo sing jujur
Yen kepingin tetep dadi sedulur
Yen sliramu ora jujur
Aku trimo trimo mundur
Wiwit mbiyen mulo
Aku rak wis kondo marang kang sliro
Aku ora butuh opo-opo
Butuhku sabar narimo, janjine ojo cidro
Nanging yektine ngendikamu
Ora keno tak gugu
Wis pestine yen sliramu
Pisah karo karo aku

Langgam Ngalamuning Ati


Ngalamuning Ati

Yen tak roso,
Ra kuwowo roso jroning ati
Tansah kelingan kembanging netro
Nggodha aku rino wengi
Pancen nyoto,
Yen si rupo yo ora mitayani
Nanging aku wis kebacut tresno
Angel nggonku angoncati
*)
Pamujiku
Mbok bisowo katekan setyaku
Katresnanku…..
Ditimbangi..tresno..kang satuhu
Koyo ngopo,
Ibo bungah roso jroning ati
Katekan setyaku kang tak arep
Bejo nggonku urip iki
Reff :
Kembali ke *)

Manthous langgam Lego


Lego

Lego rasaning ati
Kaleksanan kang dadi sedyaku
Wus suwe nggonku ngenteni
Mung sliramu kang tak impi-impi
Rino kelawan wengi
Tak sesuwun dungo lan pamuji
Wus dadi prasetying ati
Mugi-mugi Gusti paring idi
Tak geget pinggiring lathi
Opo tenan opo iki ngimpi
Eling-eling semono yen saben ketemu
Prengat prengut ra dadi kersane
Bebasan umpamane
Wong lumampah tur kasatan toyo
Tetesing katresnan jati
Adhuh Gusti bejane wak mami
reff :
kembali ke atas…

Langgam Loro Bronto


Loro Bronto

Yen Kelingan mring sliramu
Aduh kodyo rinujid atiku
Yen siang tansah katon ngalelo
Dalu datan biso nendro
Opo sliramu wis lali tenan
Dek semono nate janji
Nedyo arep urip bebarengan
Bungah susah dilakoni
*)
Nanging aku ora ngiro
Yen sliramu bakal cidro
Bareng saiki wis mulyo banjur kromo
Ora nganggo ora nganggo kondo kondo
Wis pestine lelakonku aduh
Aku mung kudu narimo
Sopo kang biso paring usodo
Nggonku nandang lorobronto
reff :
kembali ke *)

Ketaman Asmoro didi kempot


Ketaman Asmoro


Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku

Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Ngrasakke atiku sansoyo nelongso

Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu

Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ke taman asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati

Manthous Kangen


 Kangen

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati

Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tersnaku terusing ati

Kangen… wong kangen ngene ngene rasane
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu

Kangen… wong kangen opo opo tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu

Klopo mudo enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi

Gethuk


Sore-sore padang bulan
Ayo konco podo dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame-rame e..do gegojegan

Kae-kae rembulane
Yen disawang kok ngawe-awe
Koyo-koyo ngelingake
Konco kabeh ojo turu sore-sore

Gethuk, asale soko telo
Moto ngantuk, iku tambane opo?
Ach ach.. halah getuk asale soko telo
Yen ra petuk atine rodo gelo

Jo ngono mas
Ojo-ojo ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gelo

Langgam Dadi Ati


Bowo:
“GEGARANE WONG AKRAMI
DUDU BONDHO DUDU RUPO
AMUNG ATI PAWITANE
LUPUT PISAN KENO PISAN
YEN GAMPANG LUWIH GAMPANG
YEN ANGEL ANGEL KELANGKUNG
TAN KENO TINUMBAS ARTO”

NGGOLEKI SING KOYO NGOPO
WONG NYATANE KALAKON SEPRENE
ANGGER ANGGER GENDRO
WEKASANE MALAH MBANGUN TRESNO
*)
DUDU BONDHO DUDU RUPO
MUNG ATINE DADI TETALINE
GUYUB RUKUN KADYO
PEPINDONE MIMI LAN MITUNO
WUS JAMAK LUMRAHE
YEN WONG SING URIP
GODO LAN COBANE GEDHE
SUPRADENE ORA NGANTI NDADAK DADI GAWE
RINO WENGI DADI ATI
WONG KANG SABAR LUHUR BEBUDINE
DASARE GEMATI
MOMONG PUTRO ALUS BEBUDINE

Manthous Bengawan Sore


Neng pinggiring bengawan
Tansah setyo ngenteni sliramu
Eling-eling jamane semono
Wus ndungkap pitung ketigo
Neng pinggiring bengawan
Saben-saben mung tansah kelingan
Wus prasetyo ing janji kang suci
Ing lahir terusing ati

Sanadyan koyo ngopo manungso
Mung biso ngreko lan njongko
Gusti kang paring idi lan pesti
Kito sak dermo nglampahi
Neng pinggiring bengawan
Wayah sore tan soyo kelingan
Gawang-gawang esemmu cah ayu
Gawe sedihing atiku

reff :
kembali ke atas…

Manthous Balen


lk :
Jan jane dik aku wis rindu
Wis rong taun lawase ora ketemu
Eling-eling dik jamane semono
Runtang runtung arane ra ono liyo
pr :
Jan jane Mas aku wis lali
Gelang alit bebasan kang mungguhing driji
Ora gampang nambani jeroning ati
Ra semoyo mas, aku ra janji

lk :
Horotoyoh…
Nganggo theklek kecemplung kalen
Timbang golek dik
Sing apik luwung balen
pr :
Sabar Mas, mbok sabar ora kesusu
Yen kesusu, tondone wis mesti kleru
lk :
Estu Dik… wis dadi antebing kalbu
Tak belani jiwo rogo tulusing ati
pr :
Sabar… Bola-bali wis tak aturi
Yen kuciwo njur getun tibane mburi
REFF :
Kembali ke atas……

Langgam Anting Anting


Ting anting ‘mbang cempoko
Tondo moto soko seliramu
Ting anting tondo tresno
Lahir bathin sineksih lintange wluku


Ling eling dek semono
Rembulane ketutupan mego
Gawe kekesing ati
Nganti anti tekane radyan permadi
Anting-anting dhek kembang cempoko
Woheing aren mbokyo eling dhok semono
Emprit gantil menclok ning witing pari
Tansih gumantil ono njero ning ati


Ting anting ‘mbang cempoko
Tondo moto ugo tanda tresno
Ling eling dek semono
Yen ra nyandhing rasane ning ati gelo